Unordered List

Saturday 14 January 2017

Demi mencari uang seorang kakek rela jualan celengan ke kota tetangga

Esuk esuk iki mau aku meh budal makaryo ..
ngeti mbah2 linggeh ngedepi kendi mbi celengan Nok jln R Agil Kusumadya daerah Jati , aku mandek banjur tak takoki :
Aku : Dodolan opo mbah ?
Mbah : Dodol kendi mbi celengan
Aku : Daleme pundi asmane Sinten ?
Mbah : omahku Demak Ndong Waru , jenengku PARING
AKU : Gadah putra pinten Mbah ?
Mbah ; 5 Lanang 3 wedok 2 wes do omah dw dw
Aku : wes sepuh kok jeh dodolan Mbah ?
Mbah ; aku Moh ngagetno anak aku jeh ISO ngolek pangan dw
Aku : Celengan seng gede Piro Mbah ?
Mbah : 20 ewuAku ...; kok larang mbah
Mbah : iyo ngobonge ngowo kayu jati .....( aku mesem tok ).
Aku : Mbah kok ORA dodol Nok alon2 meneh?
Mbah : ORA oleh Nok Kono
Aku : Seng ngrawei sopo Mbah ?
Mbah :Yo petugas, Wong aku ORA nggangu wong kok ORA oleh
Aku : kwe ngowonem py ngene Iki Mbah ?
Mbah : Bareng Karo bakol klopo
Aku ; lho Mbah anak2 Reti kwe dodol ngene Iki ora ??
Mbah :Yo Reti , kok ORA retiku
Aku :kok ORA tenguk2 Nok omah Mbah ankmu Yo wes gede2 seng mbok ngolek no Ki sopo ?
Mbah :wong aku jeh urep jeh ISO luru pangan kok ..Yo ngolekno bojoku , bojoku wes gowo teken (pentung) ...Ra ISO lungo2
Aku ..; wes Mbah tak nerusno perjlnan .....Mbah ....; iyo iyo
Begitulah sekilas percakapanku dengan Mbah PARING si penjual kendi dan celengan asal kota Demak.
Kiriman '>> ASF

0 komentar:

Post a Comment